Kaca:Puspa Rinonce.pdf/50

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

sagunging putra wayah tuwin para wiranèm sadaya, lan sapituruté).
- Bapak-bapak sarimbit Ibu-ibu ingkang dahat kinurmatan.
- Para kadang (para sadhèrèk), inggih ingkang kapernah werdha tuwin mudha, saha anak-anak kula kakung putri ingkang saèstu kula tresnani ….

Bab panyebuté para tamu kanthi tlesih mangkono kuwi kena waé, ananging yèn dibolan-balèni tundhoné njuwarèhi (mboseni) tur ngentèk-entèkaké wektu. Kajaba kuwi, ing babagan panyebuté para tamu iku perlu digatèkaké (1) ana lan orané tamu kang bakal disebut (yèn lurahé ora rawuh, upamané, ya ora perlu disebut; yèn ing kono ora ana tamu kang pantes disebut anak-anak, ya ora perlu nyebut anak-anak kula, lan sapituruté), (2) anggoné nganggo tembung kudu sing bener (tembung leluhur lan para leluwur, upamané, sanajan tembung asalé padha, ananging tegesé wis béda; tembung leluhur lan leluwur, sanajan ing sakawit tegesé padha nanging cak-cakané saiki wis béda), (3) aja nganti nganggo tembung-tembung mung apalan (marga tiru-tiru) ananging ora mangerti maknané. Amrih ora kléra-klèru, ing ngisor iki diterangaké teges utawa maknané sawatara tembung kang asring dianggo nyebut para tamu.

- para sepuh:
wong-wong (tamu) kang umuré pancèn wis kagolong tuwa
- pinisepuh:
wong kang dianggep tuwa (sok dadi juru rembug, lan sapituruté)
- sesepuh:
  1. wong kang dianggep tuwa (padha karo pinisepuh);
  2. kepala utawa wong kang dadi pemimpin sawijining bebadan (pangarsané pakumpulan mudha-mudhi, lan sapituruté);
- kasepuhan:
  1. golongan wong-wong tuwa;
  2. kang kalebu golongan panjenengané nata (ratu);

39