Kaca:Puspa Rinonce.pdf/52

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

kang banjur ngganti utawa nyalini tembung ngadeg mau nganggo tembung jumeneng, mangkéné.

  1. (2b) Para tamu ingkang minulya, keparenga kula jumeneng sawatawis wonten ing ngarsa panjenengan sedaya saha sumela atur.

Ing pangangkah anggoné nyalini tembung ngadeg nganggo tembung jumeneng ing ukara kasebut supaya rinasa luwih alus lan urmat.

Wis kasumurupan ing akèh manawa tembung jumeneng iku kalebu éwoning tembung krama inggil, yaiku tembung krama kang urmat banget. Tembung iku lumrahé kanggo ngajèni marang wong liya kang pantes diurmati, yaiku madyama purusa utawa pratama purusa (sesulihé wong katelu). Kanthi mangkono, ukara (2b) iku malah kena diarani luwih degsura tinimbang ukara (2a). Amrih ukara mau, yaiku (2a) lan (2b), dadi ukara kang becik, ing kéné perlu golèk tembung kang luwih mardika kanggo nyalini tembung ngadeg lan jumeneng tumrap utama purusa ‘kula’. Carané golèk tembung mau ana dasanamané, banjur ngancik tataran kapindho, yaiku nyurasa teges utawa maknané tembung mau lan dasanamané pisan. Ing tataran iki perlu digatèkaké teges bakuning tembung, ajining rasa kang dumunung ing tembung, trap-trapan kang kalumrah tumrap panganggoné tembung gegayutan karo unggah-ungguh, leléwaning basa, lan sapituruté. Tataran kang pungkasan, yaiku milih tembung kang trep, kang laras sakabèhé (tegesé pas, surasané becik, dudu tembung enggon-enggonan, lan sapituruté).

Tembung ngadeg iku bareng ditlusur tetéla darbé dasanama pirang-pirang, kayata: jumeneng, jejer, mandhiri, ngayer, nganyur, nganyor, nganyot, lan sapituruté. Tembung ngadeg tegesé ‘njejer jejeg’, minangka tembung umum (dudu enggon-enggonan), kalebu tembung krama ngoko; jumeneng tegesé ‘njejer jejeg’, kalebu tembung umum, éwoning tembung krama inggil; mandhiri tegesé padha karo ngadeg, uga kalebu tembung Kawi; jejer tegesé padha karo ngadeg, uga kalebu tembung umum (dudu enggonenggonan), minangka tembung krama ngoko; déné nganyer,

41