Kaca:Puspa Rinonce.pdf/53

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

nganyur, nganyor, nganyot tegese padha karo ngadeg nanging mengku surasa ‘murang tata’ lan minangka tembung enggon-enggonan. Kanthi cara nlusur dasanamaning tembung, nyurasa tegesing, lan milah-milah pangetraping dasanamané tembung siji lan sijiné bisa disumurupi yèn tembung kang luwih trep lan luwih mardika kanggo nyalini tembung ngadeg utawa jumeneng tumrap ukara (2a) lan uga (2b), yaiku tembung jejer. Kanthi mangkoo, ukara kasebut wujudé banjur dadi kaya kang kacetha ing ngisor iki.

  1. (2c) Para tamu ingkang minulya, keparenga kula jejer sawatawis wonten ing ngarsa panjenengan sadaya saha sumela atur.


DIPENDHEM, DIKUBUR, DIMAKAMAKÉ
Tembung dipendhem iku mengku teges ‘didokok sajroning lemah (diurugi)’. Tembung iki minangka tembung kang mardika, bisa kanggo nyebut apa waé kang dipendhem ing lemah. Ananging, yèn kang dipendhem iku ragané wong kang wis mati utawa layon, luwih-luwih layoné wong kang perlu diajèni, arep nyebut nganggo tembung ‘dipendhem’ kuwi lumrahé ora mentala, ora tegel, utawa rasané ora tekan. Jalaran ana sambung rapeté karo rasa (alus-kasar, nranyak-urmat), ing mangka ukuran iku mung gumantung masyarakat lan ukuraning rasa mau ora padha tumrap masyarakat siji lan liyané, mula kanggo nyebut ‘dipendhem’ mirunggané tumrap layon banjur warna-warna tembungé, kayata, dipetak, dikubur, dimakamaké, disarèkaké. Panganggoné tembung kang warna-warna iki ing pangangkah kanggo nyingkiri rasa kang dianggep nranyak, kasar, ora ngajèni.

Tembung dipetak iku kalebu tembung madya-krama, dumadi saka tembung lingga petak (krama) olèh wuwuhan aterater di- (ngoko). Tembung petak kalebu tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung pendhem. Kanthi mangkono tembung dipetak (madya-krama) utawa dipunpetak (krama lugu) kuwi tegesé padha waé karo dipendhem. Bédané, ajining rasa kang dumunung ing tembung dipunpetak luwih dhuwur sathithik

42