Kaca:Puspa Rinonce.pdf/58

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

nyalini wujuding tembung mau. Dadi, manut pranatan, tembung karana iku ora perlu dikramakaké dadi keranten. Manawa nganggo tembung karana ora tekan ing rasa, jalaran rumangsa yèn tembung mau kaya tembung ngoko, bisa disalini nganggo dasa namané tembung mau kanthi milih endi kang dianggep laras. Dasa namané tembung karana iku, kayata, jalaran, awit, sabab (sebab), amarga (marga) utawa amargi (krama).

Tembung dipunmilai iku kanggo ngramakaké tembung dipunmulai. Ing mangka, tembung dipunmulai kuwi kalebu éwoning tembung Indonesia, durung kalebu wargané tembung Jawa. Sanajan wong kang diajak guneman utawa rembugan racaké ya wis ngerti apa kang dikarepaké, prayogané tembung dipunmilai mau disalini nganggo tembung kang wis kaprah ing basa Jawa, kayata, tembung dipunawiti, dipunwiwiti, utawa dipunayati.

NYAOSI-MARINGI
Tembung nyaosi lan maringi iku tegesé ‘awèh … marang’, padha tegesé karo tembung mènèhi lan nyukani. Bédané, mènèhi kalebu golonganing tembung ngoko, nyukani kalebu golonganing tembung krama, déné nyaosi lan maringi kalebu éwoning tembung krama inggil.

Tembung nyaosi iku kalebu kriya tanduk (verba aktif). Tembung iki kadhapuk saka tembung lingga caos kawuwuhan aterater anuswara m- lan panambang –i. Dhapukaning tembung kriya mangkéné iki lumrahé diarani rimbag tanduk i- kriya. Tembung maringi lan uga nyukani iku sajinis karo tembung nyaosi, yaiku kalebu golonganing tembung kriya tanduk. Rimbagané tembung loro iki uga padha, yaiku kalebu rimbag tanduk i-kriya. Tembung maringi kadhapuk saka tembung lingga paring olèh wuwuhan ater-ater anuswara ng- lan panambang –i, déné nyukani kadhapuk saka tembung lingga suka olèh wuwuhan ater-ater anuswara ny- lan panambang i-.

Ing jaman saiki asring tinemu panganggoné tembung nyaosi, maringi, lan nyukani kang nyebal saka paugeran, cawuh, utawa

47