Kaca:Puspa Rinonce.pdf/6

Kaca iki wis divalidasi
PRAWACANA



Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Mahaasih déné Puspa Rinoncé ingkang suwau medal awujud lembar komunikasi abasa Jawi punika, sapunika kababar malih kanthi wujud buku.

Buku Puspa Rinoncé punika isi katrangan-katrangan bab tembung-tembung Jawi sarta panganggénipun ingkang asring dipunanggé ing padintenan déning masyarakat umum utawi para pamedhar sabda, ingkang sok-sok kirang trep lan boten dipunmangertosi déning ingkang sami mirengaken.

Sanèsipun punika, Puspa Rinoncé ugi ngewrat bab kasusatran lan bab pamilihing tembung Jawi ingkang kirang trep panganggénipun lan katerangaken kados pundi trepipun supados para sutresna basa Jawi, sasampunipun maos Puspa Rinoncé punika lan mangertos étimologi utawi asal-usuling tembung wau, sami saged ngginakaken basa Jawi kanthi laras lan leres.

Kababaripun buku Puspa Rinoncé ingkang awujud buku punika kanthi ancas tujuan makaten.

  1. Lembar Komunikasi abasa Jawi Puspa Rinoncé ingkang medal saben tigang wulan sepisan wau cacahipun winates sanged temah kathah sutresna basa Jawi, mliginipun para guru, ingkang boten komanan.

v