Kaca:Puspa Rinonce.pdf/60

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Tembung maringi (uga dipunparingi, dipunparingaken, panjenengan paringi, panjenenga paringaken, lan sapituruté) dianggo guneman tumrap.

  1. (a) wong tuwa katujokaké wong enom,
  2. (b) guru katujokaké marang murid, utawa
  3. (c) padhuwuran katujokaké marang andhahan kang umuré luwih enom, lan sapituruté.

Déné tembung nyukani (uga nyukakaken, dipunsukakaken, kula sukani, kula sukakaken, lan sapituruté) lumrahé dianggo guneman tumrap sapadha-sapadha, guneman mardika (nétral) kang ora mligi katujokaké marang madyama purusa (wong kaloro) utawa pratama purusa (wong katelu), upamané, ngandhakaké resèp jamu, resèp olah-olahan (mangsak), andharan babagan ilmu, lan sapituruté.

Adhedasar pranatan iki, bisa disumurupi manawa ukara (1a), (2a), (3a), (4a), lan (5a) kalebu golonganing ukara kang manut paugeran, déné ukara-ukara liyané bisa diarani ukara kang nyebal saka pranatan. Kagem lelimbangan, ing ngisor iki kapacak ukara-ukara kang panganggoné tembung sing dadi wosing rembug ing tulisan iki trep karo paugerané.

  1. (1) Jeng Sus, yèn wis rampung diwaos, buku kuwi paringna méja kono waé!
  2. (2) Para kadang sadaya, saka kaparengipun Bapak Camat, ménda-ménda punika badhé kaparingaken dhumateng para putra ing dhusun ngriki ingkang taksih sinau ing SD.
  3. (3) Sinaosa sampun dipunsukani tandha boten angsal ménggok nengen, ananging wonten kémawon tiyang ingkang nékad nerak awisan punika.
  4. (4) Pak Umar sampun kula caosi jadwal acaranipun.
  5. (5) Serat uleman saraséhan ingkang panjenengan paringaken kula kala wingi punika kula caosaken Pak Agung awit kula sampun dipunkintuni piyambak déning panitia.
  6. (6) Cèt témbok punika katingal sumeblak awit kula sukani obat makaten punika. Menawi panjenengan ngersakaken, mangké

49