Kaca:Puspa Rinonce.pdf/69

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

wit mardika iku lir wiwara rukmi,
kanggo nuju jaman maju,
nggayuh gesang lair batos.

Cundhuk karo tegesé tembung wiwara ing tembung mau ana kang nggathukaké karo tembung wara-wara kang ateges ’awèh weruh’ utawa ’pengumuman’, kanggo gantiné tembung proklamasi, déné rukmi ditegesi ’emas’. Jalaran wiwara rukmi ditegesi ’proklamasi emas’, mula ukara wit mardika iku lir wiwara rukmi banjur ditegesi kanthi pangothak-athik dadi ’jalaran mardika iku pindhané proklamasi emas’. Ana manèh kang nggathukaké tembung wiwara karo tembung biwara, bayawara, lan pariwara kang tegesé ’awèh weruh’ utawa ’awèh kabar’ lan ana uga kang nggathukaké tembung wiwara karo tembung wara kang ateges ’pilihan, pinilih’, ’linuwih’. Banjur endi sing bener?

Tembung wiwara kang kapacak ing sajroné tembang ing dhuwur iku satemené ora ana gandhèng cènèngé karo tembung wara-wara, bayawara, pariwara, biwara, lan wara kang disebut mau. Tembung wiwara iku asalé saka basa Sanskerta kang ateges ’bolongan’, ’lèng’, ’lawang’, ’kori’, utawa ’guwa’. Tembung rukmi tegesé ’emas’. Kanthi mangkono, tetembungan wiwara rukmi iku bisa ditegesi ’bolongan emas’, ’lèng emas’, ’guwa emas’, ’lawang emas’, utawa ’kori emas’. Mesthi waé ora kabèh teges iki jumbuh karo apa kang dikarepaké ing sajroné tembang gambuh kasebut. Teges kang cocog yaiku ’lawang emas’ utawa ’kori emas’, utawa malah bisa ditegesi ’gapura emas’. Dadi, ukara “wit mardika iku lir wiwara rukmi” ing tembang mau bisa ditegesi ’jalaran mardika iku pindhané gapura emas’. Bab iki jumbuh karo pangandikané Bung Karno (Presiden I Republik Indonesia) kang kurang luwih, mangkéné, “Bahwa kemerdekaan itu bukanlah tujuan utama dari perjuangan bangsa Indonesia, …kemerdekaan itu merupakan pintu gerbang emas untuk menuju masyarakat Indonesia yang adil makmur dan merata ….”

58