Kaca:Puspa Rinonce.pdf/7

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

  1. Tumrapipun para guru basa Jawi ing pawiyatan dhasar saha manengah, Puspa Rinoncé, sajakipun, saged mewahi seserepanipun para guru wau ing bab tembung-tembung utawi kosakata Jawi. Kanthi makaten kababaring lembar komunikasi abasa Jawi ingkang awujud buku punika gampil dipunrawat lan sinimpen (boten gampil ical) lan sangsaya kathah guru ingkang kagungan lan ngginakaken buku punika minangka tambahing seserepan basa Jawi.

Seratan kanthi irah-irahan ingkang awujud basa Jawi ingkang pinacak ing Puspa Rinoncé punika minangka pisumbangipun Sdr. Gina (suwargi), Sri Widati, Sukardi Mp, Wedhawati, Suwadji, lan Wiwin Erni S.N.

Mugi-mugi kanthi kababaripun buku Puspa Rinoncé punika sangsaya kathah ingkang sami kepéngin nggegilut basa Jawi ingkang samangké minangka mata pelajaran wajib ing pawiyatan dhasar saha manengah ing Ngayogyakarta punika. Panyaruwé amrih sangsaya saénipun buku punika, redhaksi ngaturaken agenging panuwun. Nuwun.


Yogyakarta, Januari 2006


Redhaksi

vi