Kaca:Puspa Rinonce.pdf/71

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

purusa (kata ganti empunya persona kedua), lan uga bisa mengku teges ’aku’ utawa ’-ku’, yaiku tembung sesulih utama purusa (kata ganti persona pertama) utawa sesulih pandarbé utama purusa (kata ganti empunya persona pertama). Généa tembung dalem bisa mengku teges ’-mu’ utawa ‘kowé’ lan ’-ku’ utawa ’aku’?

Tembung dalem kang kapacak ing angka 3 iku ing sakawit mengku teges ’-mu’ (sesulih pandarbé madyama purusa) utawa ’kowé’ (sesulih madyama purusa). Tembung dalem iku banjur olèh wuwuhan a- kang mengku teges ’dudu’ dadi adalem. Tembung adalem kuwi tegesé ’dudu kowé’, yaiku ’aku’, lan dianggo ing tataran krama inggil. Dhapukaning tembung kaya mangkéné iki padha karo dhapukaning tembung Jawa Kuna sura ’déwa’ dadi asura ’dudu déwa’, yaiku ’raseksa’, ’buta’.

Ing sabanjuré tembung adalem ’aku’ iku panganggoné asring kacekak dadi dalem kanthi teges kang isih tetep ’aku’. Kadadéan mangkéné iki ing basa Jawa ana tunggalé. Tembung marta, upamané, ing sakawit mengku teges ’mati’ (asalé saka tembung mºta, ’mati’). Tembung amarta tegesé ’urip’ (’ora mati’). Panganggoné tembung amarta iku sok banjur dicekak dadi marta kanthi teges isih ajeg, yaiku ’urip’. Tetembungan tirta marta, upamané, yèn dijupuk saka tata gelaré utawa wujudé, mesthiné ateges ’banyu mati’ (banyu sing matèni). Ananging, tetembungan tirta marta ing kéné kang dikarepaké mengku teges ’banyu panguripan’.

Kanthi andharan iki bisa digawé dudutan manawa tembung dalem kang asalé saka cekakané tembung adalem iku mengku teges ‘aku’. Panganggoné tembung iki bisa lira-liru karo tembung kula (sesulih utama purusa). Bédané, tembung kula kelumrah dianggo ing tataran krama lan dalem (adalem) dianggo ing tataran krama inggil. Dadi, ukara wangsulan, ’Kula, Pak …’ iku krama lumrah, déné “Dalem, Pak …” iku krama inggil. Panganggoné tembungtembung mangkéné iki ora nalisir saka parama basa Jawa.

60