Kaca:Puspa Rinonce.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

RESÈPSI – PASAMUWAN – PAWIWAHAN — PISTA
Ing sajroné basa Jawa akèh tinemu tembung-tembung kang asalé saka basa manca (Sanskerta, Arab, Cina, Portugis, Walanda, Inggris, lan sapituruté). Tembung-tembung saka basa manca mau ana kang dianggo kanthi wantahan (pakecapan lan panulisé isih padha karo ing basa asalé), kayata, waskom, halte, wortel, amplifier, broiler, lan ana uga kang wis dibesut (pakecapan lan panulisé wis dilarasaké karo pranatan basa Jawa), upamané, gordhèn, kusir, pit, kompor, mandhor, kakus, bingkil, mesin, televisi, akuarium, oprasi.

Tembung-tembung saka basa manca iku mlebuné ing basa Jawa baka sathithik, kawiwitan atusan taun kepungkur (wiwit basa Jawa isih diarani basa Kawi utawa basa Jawa Kuna) nganti tumekané saiki. Amarga anggoné mlebu ing basa Jawa wiwit atusan taun kepungkur, mula ora mokal yèn cacahé tembung saka basa manca iku akèh banget, ana kang anyar lan ana uga kang wis lawas. Malah saking lawasé, wong Jawa dhéwé sok ora rumangsa utawa ora nglegéwa manawa satemené tembung-tembung kang dianggo ing saben dinané iku akèh kang asalé saka basa manca. Tembung-tembung saka manca kang kapétung lawas iku, kayata, aksara, basa, swara, srati, geni, (saka basa Sanskerta), lair, pikir, kursi, mripat, jenat, (saka basa Arab), gendéra, méja, clana, gréja, béla (saka basa Portugis), cawan, tèh, soto, kécap, bakmi (saka basa Cina), bingkil, bangku, lampu, kakus, karcis, sepur (saka basa Walanda).

Ing donya iki ora ana basa kang sampurna temenan, kang duwé tembung sarwa pepak lan ora kekurangan. Semono uga basa Jawa. Amarga ing sajroné basa Jawa ana kekuranganing tembung, mula wong Jawa banjur mbudidaya ngganepi kekurangan mau kanthi cara gawé tembung anyar utawa njupuk tembung-tembung saka basa manca. Pamrihé, yèn tembung-tembungé pepak, basa Jawa bisaa dadi saya cancingan (praktis), bisa dianggo ing sadhéngah papan lan kaperluan. Saupama wong Jawa kuwi ora gelem nampa babar pisan tembung-tembung saka

61