Kaca:Puspa Rinonce.pdf/74

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

tabeté, satemah ora bisa dibolan-balèni utawa ditamataké. Mula ora jeneng aèng yèn ing jaman saiki sok tinemu sawatara wong (panatacara, juru sesorah, lan liya-liyané) kang tumpang suh anggoné ngetrap tembung saka basa manca amarga saka kurang pangertiné.

Tembung-tembung kang panganggoné asring cawuh utawa tumpang suh iku ana sawatara, kayata, wiwahan utawa pawiwahan sok dianggo nyalini tembung resèpsi, pasamuwan, utawa pista; kuwanda, kunarpa, jasad, jisim, layon sok dianggo lira-liru kaya-kaya tanpa ana bédané; udyana, panti, sasana, asana, sana uga sok dianggo kanthi lira-liru awit dianggep tegesé padha, lan sapituruté. Gandhèng rupaking papan, ing kalodhangan iki mung arep dirembug tembung resèpsi, pawiwahan, pasamuwan, lan pista.

  1. resèpsi saka tembung receptie (Walanda) utawa reception (Inggris), tegesé ’lenggahan (pista, jejagongan) dhines kang diadani kanggo nampa lan mahargya tamu (ing pista wisudhan gubernur, bupati, présidhèn, utawa panggedhé liyané, ing pista dhauping pangantèn, lan sapituruté)
  2. wiwahan utawa pawiwahan asalé saka tembung lingga wiwaha (Sanskerta) kang mengku teges ’pikrama’, ’dhaup’; wiwahan utawa pawiwahan tegesé ’pista utawa bawahan ketemuning pangantèn’
  3. pasamuwan asalé saka tembung lingga samuwa utawa samuha (Sanskerta) kang mengku teges (a) ’pakumpulan’, ’gegolongan’, (b) “regeng”, ngengreng,’sarwa becik’; pasamuwan tegesé (1) ’pakumpulan’, (2) ’karamaéan ing pista’, (3) ’gebyagan utawa kepyakan wayang wong, lan sapituruté’
  4. pista asalé saka tembung feest (Walanda) kang tegesé ’seneng-seneng utawa sukan-sukan (mangan énak, tanggap warsa, lan sapituruté)’

Katrangan iki nuduhaké yèn tembung-tembung mau tegesé ora persis padha. Kanthi mengkono, panganggoné tembung papat iki mau ora kena digebyah uyah digawé padha, ora prayoga yèn dianggo lira-liru kanthi mardika.

63