Kaca:Puspa Rinonce.pdf/75

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

KULA – KAWULA
Ing sajroné basa Jawa ana tembung kula lan ana uga tembung kawula. Tembung loro iki sok bisa dianggo lira-liru kanthi mardika lan sok ora bisa. Tembung kawula ing ukara, upamané, “Dhuh Gusti,kawula marak sowan wonten ing ngarsa Paduka …”, bisa diganti nganggo tembung kula, “Dhuh Gusti, kula marak sowan wonten ing ngarsa Paduka ….” Ananging, tembung kawula kang dadi linggané tembung ngawula, upamané, ora bisa diliru utawa diganti nganggo tembung kula.

Tembung kula iku kalebu polisemi. Tembung kula kang sepisan asal saka basa Sansekerta tegesé ’turun’, ’darah’, ’trah’, ’sanak sadulur’, ’suku bangsa’, ’kasta’. Tembung iki sabanjuré bisa didhapuk dadi tembung, kayata, kulawarga ’sanak sadulur’, kula mitra ’sanak lan kanca-kanca’, kula wangsa ’sanak sadulur’, kula sentana ’sanak sadulur’. Tembung kula kang kapindho kalebu éwoning tembung krama, ateges ’aku’ (sesulih utama purusa). Panganggoné tembung iki, upamané, mangkéné.

  1. Kula dèrèng mangertos bab punika. ’Aku durung mangerti bab kuwi.’
  2. Lembunipun sampun kula guyang. ’Sapiné wis dakguyang.’
  3. Kanggo mangsuli yèn diundang, upamané, “Kula, Bu Guru….”

Tembung kawula iku asalé saka basa Jawa Kuna, tegesé ’abdi’, ’batur’. Ing basa Jawa saiki tembung kawula mengku teges (1) ’abdi’, ’batur’, (2) ’rakyat’, ’karèrèhan’. Satemené teges kang kasebut ing angka (2) iku minangka pamekaring teges kang kasebut ing angka (1). Jalaran, ’rakyat’, utawa ’karèrèhan’ iku ing panganggep kayadéné abdi utawa baturé dhedhuwurané (ratu, adipati, lan sapituruté). Tembung kawula kang mengku teges loro iku kalebu éwoné tembung krama ngoko (bisa dianggo ing tataran ngoko, krama, utawa krama inggil). Ing sabanjuré, tembung kawula dianggo gegantiné tembung sesulih utama purusa (aku) kanthi ancas ngajèni wong kang diajak guneman (madyama

64