Kaca:Puspa Rinonce.pdf/80

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

lan endi kang kalebu éwoning tembung krama lugu utawa krama lumrah. Awit saka iku, ing udyana iki bakal dipacak tembung-tembung krama inggil kang gegayutan karo anggotaning badan, ngiras pantes nanggapi pamundhuté salah sawijining sutresna Puspa Rinoncé. Kanggo nggampangaké anggoné nulis, tembung ngoko ditengeri (N), krama ngoko (KN), lan krama (K). Déné tembung krama inggil tanpa diwènèhi tengeran apa-apa.

Ngoko/Krama Ngoko/Krama Krama inggil
alis (KN) imba
ari-ari (KN) tuntunan
ati (N), manah (K) galih
awak (N), badan (KN) salira; slira
balung (KN) tosan
bangkèkan (KN) madya; pamekak
bathuk (KN) palarapan
bokong (KN) pocong
brengos (KN) rawis
cangkem (KN) tutuk
dhadha (KN) jaja
dhengkul (KN) jengku
embun-embunan (KN) (pa)sundhulan
endhas (N), sirah (K) mustaka
geger (KN) pengkeran
gelungan(KN) ukel
githok (KN) griwa; julukan
gulu (KN) jangga
ilat (KN) lidhah
irung (KN) grana
janggut (KN) kethekan
jénggot (KN) gumbala
kuku (KN) kanaka
kuping (KN) talingan
mata (N), mripat (K) tingal
pipi (KN) pangarasan

69