Kaca:Puspa Rinonce.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

pundhak (KN) pamidhangan
pupu (KN) wentis
rai (KN) pasuryan
rambut (KN) réma
sikil (N), suku (K) sampéyan
susu (KN) prembayun
tangan (KN) asta
weteng (KN) padharan


LUNGGUH-LINGGIH-LENGGAH-PINARAK
Tumrapé wong Jawa, ngajèni utawa ngurmati liyan iku kanthi cara manéka warna, ya kanthi patrap (nyandhang panganggo, solah bawa) lan uga lumantar panganggoning basa. Patrap kang diarani trapsila tumrapé wong Jawa iku, kajaba anggoné manganggo sandhangan sopan, uga diwujudaké kanthi solah bawa kang trep karo kaanané, upamané, yèn lagi omong-omongan karo wong kang diajèni prayogané aja mandeng rai, becik semu ndhungkluk, lan yèn anggoné omong-omongan karo ngadeg, sikil loro-loroné kudu jejeg, aja njangkah, tangané ngapurancang (tangan tengen didokok ing ngarep utawa nyekeli tangan kiwa, aja tangan kiwa kang didokok ing ngarep utawa nyekeli tangan tengen), lan sapituruté. Déné panganggoné basa kang diarani trapsila iku, kajaba kedaling wacana utawa wetuning pangucap kudu cetha, laguné kepara dekung, uga dikanthèni panganggoné tembung-tembung krama utawa krama inggil.

Gandhèng karo bab tembung ngoko, krama, lan krama inggil, ing jaman saiki ana sawatara warganing masyarakat kang tumpang suh panganggepé marang sapérangan golonganing tembung tetelu iku mau. Tembung lungguh, upamané, déning sapérangan warganing masyarakat tartamtu dianggep tembung ngoko, linggih dianggep tembung krama, lenggah dianggep tembung krama inggil, déné tembung pinarak malah arang-arang dianggo. Bab iki bisa katitik ing ukara, upamané, mangkéné.

70