Kaca:Puspa Rinonce.pdf/83

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

(krama)-pinarak (krama inggil). Éwa semono, yèn ing jaman saiki masyarakat nganggep tembung lungguh kuwi kalebu tembung baku ngoko lan tembung lenggah iku krama inggil, ya bisa waé waton kabèh warganing masyarakat wis gelem nampa, jer basa iku darbèké masyarakat lan owah gingsiring basa kang nemtokaké uga masyarakat. Déné tulisan iki mung dhapur ngélingaké dhodhok sèlèhé tembung-tembung iku mau miturut sejarahé.


ANDANA WARIH-ANDANAWARI
Basa pedhalangan iku kalebu basa éndah utawa basa susastra. Ora mokal yèn ing sajroné basa padhalangan iku akèh tinemu tembung utawa tetembungan kang arang dianggo utawa malah ora kelumrah dianggo ing basa padinan, kepara malah ana uga kang ora disumurupi apa teges kang satemené déning sapérangan warganing masyarakat. Ing wektu kapungkur ana sutresna Puspa Rinoncé kang mundhut priksa bab tetembungan andanawa ri (andenawa ri). Panjenengané olèh tetembungan iki nalika midhangetaké giyaran wayang kulit saka radhio. Panyanané, pocapaning dhalang tumrap tetembungan iki klèru, déné kang dianggep bener yaiku andana warih (dudu andenawa ri). Banjur kapriyé genahé tumrap bab iki? Tetembungan andana warih lan andanawari (andenawari) iku satemené kabèh bener lan minangka tembung loro kang béda tegesé. Tembung andana warih iku mengku teges ’awèh (mènèhi, paring, maringi) banyu’. Gerbané, andana warih kuwi ’pandhita’, yaiku ’wong kang awèh (mènèhi, paring, maringi) banyu kang dimantrani minangka tamba’. Panganggoné tetembungan iki, upamané, mangkènè.

“Punika ta warnanira Radèn Janaka, satriya pamadyaning Pandhawa. Satriya bagus kang wus kaloka sekti mandraguna, tau taté ngentas karya dadi jagoning déwa nyirnakaké satru sekti. Padha-padha titahing déwa, Radèn Janaka kadunungan kasektèn linangkung jalaran wiwit mudha remen nggegulang kaprigelan olah sawarnining dedamel miwah olah bandayuda. Dhasar satriya trahing kusuma rembesing madu tedhaking andana warih linambaran gentur tapané, datan

72