Kaca:Puspa Rinonce.pdf/84

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

mokal yèn ta Radèn Janaka tajem polatané, kukuh bebudèné, sidik paningalé.”

Tetembungan trahing kusuma rembesing madu kang kapacak ing ukara pungkasan iku mengku teges ‘tedhak (turun) pandhita’. Dadi, miturut critané, Radèn Janaka kuwi trahing ratu lan uga trahing pandhita. Disebut trahing ratu jalaran Radèn Janaka kuwi wayahé (putuné) Prabu Pandhu Déwanata lan disebut trahing pandhita jalaran Radèn Janaka kuwi wayah buyuté (putu buyuté) Bagawan Abiyasa.

Tetembungan andanawa ri iku dumadi saka tembung an- + danawa + ari. Tembung danawa asalé saka basa Sanskerta dânawa ’buta’ lan ari (uga saka basa Sanskerta) mengku teges ’mungsuh’. Panulisé tetembungan dânawa ari ing sakawit digandhèng dadi dânawâri, ananging sawatara dhalang anggoné ngucapaké dadi danawa ri (andanawa ri). Adhedhasar tetembungané, danawa ari iku mengku teges ’mungsuh(é) buta’; déné gerbané, tetembungan iki mengku teges ’déwa’ utawa (yèn ing crita wayang) ’satriya’. Kanthi mangkono, tetembungan danawa ari (dânawâri) kang ing pakecapan banjur dadi danawa ri (denawa ri) iku bisa ditegesi ’déwa’ utawa ’satriya’. Panganggoné tetembungan iki, upamané, mangkéné.

“Punika ta warnanira Radèn Abimanyu iya Parta Tanaya. Satriya kang kalok kajanapriya ing saindenging bawana, yèn priya ngondhangaké kasektèné, yèn wanodya ngondhangaké kabagusané. Sanadyan ta kadunungan kasektèn linangkung, Radèn Abimanyu datan kuma-lungkung, bagus datan kumenthus, limpad datan kuméwat, ing satemah kathah jalma gung alit kang samya tresna asih marang Sang Andanawa ri.”

Tetembungan Sang Andanawa Ri kang dumunung ing pungkasaning ukara pethikan panyandra iku mengku teges ’satriya’, dudu ’déwa’. Déné kang dikarepaké Sang Andanawa Ri ing ukara mau, yaiku Radèn Abimanyu, lan wis disumurupi yèn Radèn Abimanyu kuwi kalebu golonganing satriya, dudu golonganing déwa.

73