Kaca:Puspa Rinonce.pdf/85

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

NGOMBÉ-NGUNJUK
Tembung ngmbé lan ngunjuk iku tegesé padha, yaiku ’nglebokaké ing cangkem (tutuk) terus diulu (tumrap barang cuwèr, kayata, banyu, wédang, legèn, lan sapituruté)’. Bédané, tembung ngombé kalebu tembung krama ngoko, ngunjuk kalebu tembung krama inggil. Salaras karo paugeran unggah-ungguhing basa, panganggoné tembung-tembung krama inggil iku lumrahé mung tumrap wong (madyama purusa lan pratama purusa) kang pantes diajèni utawa diurmati. Miturut parama basa, panganggoné tembung-tembung krama inggil kang tumrap utama purusa utawa wong kapisan, kajaba ratu, kena diarani degsura utawa ora ngerti tata krama. Sanajan paugerané wis cetha, éwa samono isih asring tinemu panganggoné tembung tembung ngunjuk kang tumrap utama purusa, upamané, mangkéné.

A: Ngersakaken unjukan punapa, Mas, … kopi?
B: Tèh mawon, Bu, … kula dipunawisi ngunjuk kopi ….

Tembung ngunjuk kang kapacak ing ukara B iku ora laras jalaran tembung mau dianggo tumrap utama purusa (kula). Amrih laras karo paugeraning parama basa, tembung ngunjuk ing ukara iku prayogané disalini nganggo tembung ngombé kang kalebu tembung krama ngoko, yaiku éwoning tembung kang bisa dianggo ing tataran ngoko lan tataran krama tanpa ngowahi utawa nyalini wujuding tembung mau. Kanthi mangkono, ukara iku wujudé banjur dadi mangkéné (kang laras karo paugeran).

B. … ngombé kopi …


MRIKI-NGRIKI
Tembung mriki lan ngriki iku kalebu éwoning tembung krama. Panganggoné tembung loro iki, luwih-luwih tumrap bocah-bocah utawa para mudha, asring cawuh utawa tumpang suh. Contoné, mangkéné.

  1. (1) Sowan kula ing mriki punika, sapisan ….
  2. (2) Kaparenga kula jejer sawatawis wonten ing mriki saha sumela atur.

74