Kaca:Puspa Rinonce.pdf/88

Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

pakecapan engon-engonan. Mulané, pakecapan mangkono iku beciké ora dianggo ing basa resmi, kayata, sesorah, giyaran radhio, lan sapituruté.


GANJARAN, NUGRAHA, BEBANA
Tembung ganjaran, nugraha (anugrah), bebana iku mengku anasir teges kang padha, yaiku ’peparing’ utawa ’pawèwèh’. Jalaran mengku anasir teges kang padha, tembung-tembung iki sok dianggo lira-liru kanthi mardika, yaiku kanggo gegantiné tembung hadiah (tembung Indonesia). Bab iki bisa disumurupi ing ukara, upamané, mangkéné.

  1. (1) Panjenengané ing taun 1985 nampa bebungah minangka juwara I ....
  2. (2) Ing taun 1996 panjenengané olèh bebana minangka juwara III ....
  3. (3) Kajaba ganjaran-ganjaran kasebut, ing taun 2000 panjenengané uga olèh anugrah ing babagan seni sastra saka Pamaréntah ....

Panganggoné tembung bebana, ganjaran, anugrah (nugraha), malah uga bebungah kanthi lira-liru minangka gegantiné tembung hadiah (Indonesia) mangkono iku apa wis trep? Kanggo nyumurupi bab iki perlu ditlusur kanthi tlesih.

Tembung ganjaran iku mengku teges ’apa-apa kang diparingaké (diwènèhaké) minangka gegantiné kabecikan utawa lelabuhan’. Kang diarani kabecikan iku, kayata, ngibadah manut tuntunan agama, tetulung marang wong kang nandhang kasangsaran, mènèhi dana (dhuwit, pangan, sandhangan) kanthi mana suka marang wong kang kesrakat, lan sapituruté. Yèn anggoné nindakaké linambaran éklasing ati, tumindak mangkono iku miturut tuntunan agama bakal olèh ganjaran saka Pangéran Kang Mahaagung (Gusti Allah). Déné kang diarani lelabuhan, kayata, tumindak mèlu nandhang lara lapaning liyan (tetulung marang masyarakat kang kebanjiran, lan sapituruté), ngetohaké jiwa ragané marang negara (mèlu mbrastha kraman, lan sapiturté), njaga

77