Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
Sunartini
DHANDHANGGULA
Lir sarkara manisnya mimbuhi
Dhuh kusuma kang asung wiwaha
Gandhes luwes sak solahe
Gandrung-gandrung rinuhung
Ruruh rereh anjuwarehi
Tinom sing katebihan
Lir
surya satuhu
Gumebyar lir lintang johar
Gilar-gilar cahyanira anelahi
Pantes sun ngawulaha
POCUNG
Tivi iku sanyatane hiburanku
Ndeleng saben dina
Gawe sengsem jroning ati
Mungemane asring lali tugas sıra
125