Kaca:Rembuyung.pdf/136

Kaca iki wis divalidasi

Makalah


sadar. Satemene apa kang kerep disebut minangka “intuisi” utawa “ilham” iku mau ora ana liya kejaba kawruh kang tuwuhe saka jagad kajiwan pra-sadar. Rapet karo babagan iki, perlu uga diuningani manawa proses pengendhapan iku bisa butuh: wektu kang ringkes, sak jam rong jam, sak dina rong dina: hanging uga bisa lumaku pirang-pirang minggu, sasi, utawa tahun. Lumrahe, juru gurit ora bisa nemtokake kanthi pratitis, Marga, ing antarane iJham lan jumlegure ombak ilham bisa ana teba kang asring sinebut “mangsa-antara” lan “mangsa-tungeu”, Mangsa-mangsa iku bisa lumaku sadhela, bisa uga lumaku suwe.

  Tataran kang kaping telu, yaiku tataran mbabarake utawa iluminasi. Yen ‘ing tataran. kapisan juru gurit isih mbudj daya golek-golek utawa keklumpuk lan ing tataran kapindho dheweke ngenebake sakehing pengalaman lan. laku jantra budi dayane minangka proses ngolah Jan nyusun sawenehing bab kang digagas sak durunge, ana ing tataran mbabarake iki kabeh mau diangkah wis dadi cetha wela-wela. Tegese, apa kang dijangkah katekan Jan proses panulising geguritan bisa dirampungi. Ing titi mangsa iki lumrahe juru gurit rumangsa lega lan seneng. Lire, sakehing bab kang maune isih wujud gagasan, durung gatra, yen ta gatra gatrane isih samar-samar, saiki wis mujudake kanyatan. Juru gurit ngalami apa kang kerep disebut katharsis, mbokmenawa kahanane saemper karo wong kang bisa ngtengkuh orgasme jroning laku karonsih.

  Kang pungkasan, nintingi kanthi pikiran lan pangrasa kang kritis. Lire, juru gurit mbiji marang asil karyane dewe kang nembe dibabar mau. Menawa pancen dianggep wigati, juru gurit bisa ndandani, ngrevisi, nambah, utawa ngurangi sakehing bab kang pancen dianggep kurang pratitis. Mula saka iku, tataran iki uga mbutuhake wektu. Tataran veriftkasi duwe panjangka suprih

140