Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
kancil sing nyendhal kendhali praja
gunung alas dadi kutha
klakon dikuras banyu segara
Kancil disubya-subya minangka pahlawan
merga kasil ngrantasi jeglongan-jeglon gan
kancil dijunjung-junjung
kancil ratu kang agung
Jantraning sejarah
nyulap sakehing kanyatan
bebasan kena dayane panglemunan
kewan-kewan gedhe mblendhuk wadhuke
asu-kirik sing padha njegog
bilur-bilur tatu kulite
Jantraning sejarah
mendhem sakehing pitenah
jantraning sejarah
mbunte] watak aluamah
ora ana sing wani ndhudhah
Kancil wis ora nyolong timun
kancil saiki dadi ratu
urip mukti mubra-mubru
Pitung turunan
- Enak, Cil?
+ Eca
- Njaluk, Cil!
+ Ora bisa!
143