Kaca iki wis divalidasi
TUTOR LAN PESERTA
BENGKEL SASTRA JAWA 1997
Suminto A. Sayuti, lair ing kutha Purbalingga, Jawa Te-
- ngah, 26 Oktober 1956. Lulus saka FKSS IKIP
- Yogyakarta taun 1979, banjur dipercaya mulang
- ana almamatere. Kejaba dadi dosen, ing jagad
- kesenian (kasusastran) penjenengane uga dadi
- salah sawijine penyair kang karya-karyane wus
- akeh banget Kang kamot ana ing antologi,
- koran, lan majalah. Malah, karo kanca-kancane
- seniman Mas Minto kerep: diarani “dhukun
- puisi”. Amarga’ dadi “dhukun puisi”, mula pan-
- tes menawa saiki sibuk diundhang ceramah,
- dadi yuri, lan liya-liyane ngenani bab puisi.
- Dosen, penyair, lan-kritikus kang wus nyekel
- gelar doktor (1995) iki saiki lenggah ana ing
- Balong, Pakembinangun, Sleman, Yogyakarta.
Dhanu Priyo Prabowo, lair ing Kulonprogo, 15 Januari
- 1961, Lulus saka Fakultas Sastra UNS, jurusan
- Sastra Jawa, taun 1985. Saiki makarya ana
- Balai Penelitian Bahasa Yogyakarta. Taun 1995
- mlebu ana Fakultas Pascaarjana (S-2) UGM.
- Tulisan-tulisane arupa kritik (esai) lan cerkak
- wis akeh kang kababar ana koran lan majalah
- ing Yogyakarta, Surabaya, lan Jakarta. Buku-
147