Kaca iki wis divalidasi
Damiri, lair ing Sleman, 4 April 1948. Pak
- Damiri kang sabendinane mulang basa Jawa ana ing
- SLTP 6, Jalan R.W. Monginsidi 1, Yogyakarta, iki
- daleme ana ing Barak 7, Margoluwih, Seyegan, Sleman,
- Yogyakarta.
Djaimin K, lair ing Yogyakarta taun 1939.
- Wiwit nulis geguritan taun 50-an, nanging anggone
- aktif nulis lagi taun 80-an. Tulisane arupa cerkak ::lan esai uga wis akeh kang terbit ana majalah lan
- tabloid. Ora amarga kebeneran, dheweke kaya-kaya
- lengganan dadi juwara jer ana lomba ngarang guritan
- utawa cerkak. Malah taun 1996, antologi geguritane
- kang asesirah Siler Gadhing oleh hadiah sastra
- Rancage. Panggurit sepuh nanging isih tansah
- nggegurit iki saiki lenggah ana ing Jalan Gedong
- Kiwo 55, Yogyakarta.
Effy Widjoyo Putro, lair ing Yogyakarta, 11
- Februari 1963. Asring nulis cerkak lan geguritan ana
- majalah-majalah basa Jawa. Saiki makarya dadi staf
- redhaksi Mekar Sari lan reporter Kedaulatan Rakyat.
- Pengarang Jawa kang luwih kondhang nganggo jeneng
- Effy Widianing iki uga aktif ing SSJY (Sanggar
- Sastra Jawa Yogyakarta).140