Kaca:Rembuyung.pdf/149

Kaca iki wis divalidasi

Is. Sardjoko, lair ing Yogyakarta, 25

November 1939. Kejaba seneng nyerat cerkak, Pak Is
uga tetep nulis guritan lan macapat. Tekan saiki
Pak Is isih lenggah ana ing Gobahan, Sumberadi,
Mlati, Sleman, Yogyakarta 55288.

J. Kusumadi H.M., lair ing Yogyakarta, 15

September 1938. Pak Kusumadi kang sabendinane ngasta ::ing SD Keputran XII, Jalan Patehan Tengah 9, ::Yogyakarta iki uga isih aktip nyerat guritan lan
sekar. Dalem kang dilenggahi saiki ana ing Sonopakis
Ds IX, RT 03, RW 25, Ngestiharjo, Kasihan, Bantul
55182.

Khrisna Wihardja, lair ing Sleman, 17

September 1957. Senadyan dheweke lulusan IKIP
Yogyakarta jurusan Matematika, nanging bola-bali
nulis cerkak lan novel basa Jawa. Malah buku-buku
crita anak kang wis terbit akeh banget, lan kandhane
sastra Jawa iku pancen bisa kanggo urip. Pak guru
Matematika ing SLTP 19 kang uga aktip ana ing SSJY
iki saiki lenggah ana Pirakbulus, Sidomulya, Godean,
Sleman 55564.

Kuswandi Kertarahardia, lair ana ing ....

Tulisan-tulisane arupa esai seni-sastra, guritan,
cerkak, feature, lan sapanunggalane wis akeh kang
kapacak ana ing majalah lan koran. Mas Kus kang
saiki isih sinau ana UAD iki daleme ana ing
Jogoyudan Jt 111/655, Yogyakarta.
153