Kaca:Rembuyung.pdf/150

Kaca iki wis divalidasi


Marsono, lair ing Blora, Jawa Tengah, 1 Juni

1967. Pak Mar kang sabendinane ngasta guru ana ing
SLTP 1 Panggang, Gunungkidul, iki saiki pidalem ana
ing Jalan Wates km 13,8, Jambon, RT 01, RW 13,
Argasari, Sedayu, Yogyakarta.

Mohammad Yamin, lair ing Sleman, 11

September 1957. Lulus SPG taun 1977. Nulis cerkak,
guritan, lan macapat wiwit taun 1985. Buku-buku
kasusastran karangane wis akeh kang terbit, kayata
Dian Gundhul, Tidak Gila, Macapat Ginugah, Nggelar
Gurit Wavang Kulit, lan sapanunggalane. Pengarang
Jawa kang apa-apa bisa iki saiki lenggah ana
Mertosutan, Sidoluhur, Godean, Sleman 55564.

Nyadi Kasmoredjo, lair ing kutha Blora, 25

Februari 1960. Dheweke seneng maca lan nulis guritan
lan cerkak. Malah guritan, cerkak, lan esai kang wis
kamot ana kalawarti basa Jawa wis akeh. Lenggah ana
Nalagaten RT 06, RW 02 DP 1/208 CTT, Depok, Sleman,
Yogyakarta.
154