Kaca:Rembuyung.pdf/151

Kaca iki wis divalidasi

Noor Widodo L.L., lair ana ing Kulonprogo,

....19... Seneng nulis lan maca guritan lan cerkak.
Karya-karyane wis akeh kang kamot ana ing majalah
lan koran. Saiki pidalem ana ing Temon, Kulonprogo,
Yogyakarta.

Priyo Purwanto, lair ing Yogyakarta, 27

Oktober 1955. Tekan saiki isih makarya dadi guru
basa Jawa ana ing SLTP 11, Jalan H.O.S. Cokroaminoto
127, Yogyakarta. Dalem kang dilenggahi ana ing Jalan
Atmosukarto 9 E-47, Kotabaru, Yogyakarta.

Rengganis, lair ana ing .... 19... Karya-

karyane kang arupa guritan ia macapat wis akeh,
nanging isih ditumpuk ana meja. Mbak Ngganis kang
saben dinane makarya ana ing SLTP Pangudiluhur I,
Jalan Timoho II/29, Yogyakarta, iki nyambi uga dadi
paraga lawak; mula guritane lucu-lucu lan gawe
geerrr.

Ris Hartini, lair tanggal 1 April 1950 ing Kulonprogo,

Yogyakarta. Bu Ris kang lenggah ana Kricak Kidul Tr
1/1406, Tegalreja, Yogyakarta, iki isih ngayahi
tugas dadi guru basa Jawa ana ing SLTP 12, Jalan
Tentara Pelajar 9, Yogyakarta.
155