Kaca:Rembuyung.pdf/152

Kaca iki wis divalidasi

Rita Nuryanti, lair ing Klaten, 31 Maret 1969.

Lulus saka FPBS IKIP Yogyakarta taun 1993. Sanadyan
isih kenya, mula dheweke seneng nganggo jeneng
sesinglon Kenya Giriseta, nanging wis aktip nulis
cerkak lan guritan. Tulisan-tulisane wis akeh kang
kamot ana antologi utawa kalawarti ing Surabaya lan
Yogyakarta. Si kenya kang durung ngrasakake karonsih
iki saiki manggon ana Jalan Solo Km 7, Gang Mangga
IV/34a, Yogyakarta.

Rochjati Sutirman, lair ing Kebumen, 22 Desember 1938.

Bu Roch wektu iki isih ngasta ana SLTP 4, Jalan
Hayam Wuruk 18, Yogyakarta, ngembani mata pelajaran
basa lan sastra daerah (Jawa). Dalem kang dilenggahi
saiki ana ing Perum Banteng Baru, Jalan Banteng Jaya
IV/4, Sleman, Yogyakarta,

Siti Aminah, lair ing Yogyakarta, 4 Oktober 1972.

Mbak Minah kang tekan saiki isih ngudi pamulangan
bab seni panggung (drama, teater) iki pidalem ana
ing Bener Tr IV/97, Yogyakarta.

Siti Atibah, lair ing Klaten, 20 Juli 1958.

Tekan saiki isih ngasta dadi guru basa Jawa ana SLTP
9, Jalan Ngeksigondo 30, Yogyakarta. Daleme ana ing
Modalan RT 01, RW 46, Banguntapan, Bantul,
Yogyakarta.
156