Kaca:Rembuyung.pdf/154

Kaca iki wis divalidasi

Sri Widiastuti, lair ing Yogyakarta, 26 Mei 1961.

Bu Sri kang lenggah ana Selokambang, Gatak,
Tamantirto, Kasihan, Bantul iki sabendinane ngasta
dadi guru basa Jawa ana SLTP 13, Minggiran,
Mantrijeron, Yogyakarta.

Suci Hadi S., lair ing Yogyakarta, 21 Januari 1936.

Bu Suci iki pancen wasis. Senadyan sabendinane ora
bisa pisah karo dagangane ing pasar Ngasem, nanging
isih kagungan wektu kanggo nulis guritan dan
macapat. Lenggahe saiki ana ing Jalan
Suryodiningratan 56, Yogyakarta.

Sugendrati, lair ing Sleman, 20 Agustus 1962.

Guru basa Jawa ing SLTP 3, Jalan Pajeksan 18,
Yogyakarta, iki pidalem ana Dowangan, Banyuraden,
Gamping, Sleman, Yogyakarta.

Suharjono, lair ing Sleman, 29 Agustus 1960.

Guru bahasa Jawa kang ngayahi tugas ing SLTP
Muhammadiyah 2, Jalan Kapas Il/7, Yogyakarta, iki
lenggah ana ing Janturan UH IV/446, Yogyakarta.
158