Kaca:Rembuyung.pdf/155

Kaca iki wis divalidasi

Sulistyanto, lair ing Sleman, 18 Januari 1975.

Mas Sulis iki uga baud maca lan nulis guritan utawa
macapat. Dalem kang dilenggahi saiki ana ing Krajan,
Sidoluhur, Godean, Sleman, Yogyakarta.

Sunartini, lair ing Surabaya, 23 November 1958.

Senadyan piyambake dudu sarjana muda jurusan basa
lan sastra Jawa, nanging babagan guritan utawa
macapat cukup ngerti lan pinter. Dalem kang
dilenggahi saiki ana ing Taman Kt I/250, Yogyakarta.

Sunuhadi Susila, lair ing Yogyakarta, 7 November 1953.

Pak Sunu, guru basa Jawa ana ing SLTP 14, Jalan
Tentara Pelajar 7, Yogyakarta iki lenggah ana
Mangkuyudan Mj 3/213, Yogyakarta 55143.

Suparni, lair ing Sala, 2 Juli 1943. Ing

babagan basa lan sastra Jawa, Pak Parno iki baud
banget ngrakit guritan lan macapat. Malah macapat-
macapat kang wis karacik asring ditembangake ana
kantor-kantor, kampung-kampung, lan sapanunggalane.
Pak Par saiki lenggah ana Perumahan Sukoharjo Indah,
Blok E.54, Ngaglik, Sleman, Yogyakarta.

Sutrisni, lair ing Kulonprogo, 6 Maret 1942.

Pak Tris kang pidalem ana ing Sedan RT 22, RW 10,
Sidorejo, Gangsiran, Madureja, Prambanan, Sleman,
Yogyakarta.
159