Triman Laksana, lair ing Yogyakarta, 7 Juni 1961.
Cerbung, cerkak, lan guritane wis kababar ana majalah,
koran, lan antologi-antologi liyane. Dheweke
kerep uga dadi juwara jer ana lomba nulis
guritan utawa crita. Panggurit kang sabendinane
makarya dadi karyawan Sahid Garden Hotel iki
lenggah ana Sayidan GM II/97, Yogyakarta.
Wagini, lair ing Klaten, 9 Desember 1968. Ibu Wagini
kang sabendinane makarya dadi guru SLTP 5,
Jalan Lempuyangan 61, Yogyakarta, iki saiki
lenggah ing Jagalan, Jogosaren, Kalikotes, Klaten 57451.
Wakidi, lair ing Sleman, 3 Agustus 1959. Wis suwe
anggone nyemplung ana ing jagad kasusastran Jawa.
Guritan lan cerkake wis akeh kang kababar ana
ing majalah lan koran-koran. Lenggahe dadi sisi
karo Pak Har, ana ing Jalan Madukara 22,
Kratonan RT 03/I1, Serengan, Surakarta 57153.
Warnyanti, lair ana ing Yogyakarta, .....
19.... Bakate maca lan nulis guritan wis katon
cetha wiwit cilik. Mula tulisan-tulisane wis akeh
kang kababar ana ing majalah lan koran. Saiki
Mbak Jendral Waryanti pidalem ana ing Pogung
Kidul SIA XVI/19, Yogyakarta.
Kaca:Rembuyung.pdf/157
Kaca iki wis divalidasi
161