Warisman, lair ing Kebumen, 22 Januari 1957. Ing babagan
kasusastran Jawa, Pak Warisman iki kapatah
dadi “penjaga gawang”. Amarga, saiki ngasta
ana ing Mekar Sari. Kang dilenggahi saiki ana
ing Kaliasin Lor, Kalitirto, Berbah, Sleman.
Winartiningsih, lair ing Yogyakarta, 16 Juli 1957. Jeng Win
kang sabendinane dadi guru Taman Kawak-
Kawak iki asring nulis cerkak lan guritan, uga
aktip ana ing SSJY. Karo garwane kang ditres-
nani, dheweke saiki manggon ana ing Dipo-
winatan MG I/82, Yogyakarta.
Windarti, lair ing Purwodadi, Grobogan, Jawa Tengah,
tanggal 23 April 1970. Sabendinane mulang basa Jawa
ana ing Taman Dewasa, Jalan A.M. Sangaji 39,
Yogyakarta. Bu Win saiki lenggah ana ing
Bangirejo KW I/52a, Yogyakarta.
Yan Johar, lair ing Klaten, 23 Mei 1969, Lulus SPG taun
1989, banjur ajar nulis guritan, cerkak, lan esai
sastra Jawa. Karya-karyane wis sumebar ana
majalah Mekar Sari, Diaka Lodhang, Panyebar
Semangat, Jaya Baya, lan Pagagan. Saiki
lenggah ana Dukuh, Ringinputih, Karangdawa,
Klaten 57467.
Kaca:Rembuyung.pdf/158
Kaca iki wis divalidasi
162