Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
Ambar
CUMLOROTING SURYA
Cumloroting surya ...
nggugah atimu kang tatu.
nggugah atimu kang bisu.
Atimu kang tansah was sumelang,
tansah mangu-mangu ora tentu,
ndadekake uripmu tan maju,
Uripmu kang tansah rekasa,
tansah sengsara lan kasia-sia,
saiki wus mulya,
amarga kena cumloroting surya.
17