Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
Ardini Pangastuti
JANTRA
Bumi mubeng
Padhang peteng
Putih ireng
Manungsa kerah Getih wutah
KALPIKA KUCEM
Nalika wong padha nggresah
merga donya kebak susah
kalpika wus ora gumawang maneh
Donya pancen kebak rereget
tan ana prakara tanpa sebab
wusanane ...
geter ing antariksa
18