Kaca:Rembuyung.pdf/19

Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Donya mubeng
sandyakalaning jaman tumiba
peteng ndhedhet
manungsa wuta
ruh wus datan nanar ing pandulu
dhuh, titah sing waspada
marikelua mring Hyang Agung


Kuwasa-Mu anggegem sakabehe titah
lair urip mati
dudu manjilma sing premati
bener lan luput
ingaran kodrate titah
sing sadhengah titah
tan bisa obah saka loro-lorone


Suk lamun sandyakala wus angslup
peteng lelimengan
cunthele lelakon sing kasat mata
nanging hakekate
ing peteng kana
kagelar lakon
sing tan kinerteni.

Yogyakarta, September 1997
19