Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
KIDUNG
Kidung tengah wengi ngumandhang samya
caritane pra umat manungsa
kang suka pari suka datan emut mring dosa
tegel nguntal sapepadha
Kidung tengah wengi ngumandhang samya
Gusti tanpa supe Maha Sugih pangapura
kang suka pari suka aja ngedan enggal elinga
ngaku dosa mertobata
Condongcatur, 20 September 1997
22