Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
KUPLUK
Oh kupluk .....
ujesmu ireng wus bluwuk
tansah prasetya nutupi sirahian bathuk
tandha jati dhiri kabangsan kang mathuk.
Regamu tan larang tumrap kawula alit gathuk
saka kang bludru arum dalu tekan kang ngganda penguk
kupluk makutha sirah kang ora kegaruk
angrenggani kang wujud benjol kaya gethuk
Oh kupluk ...
labuhmu gedhe tanpa cinucuk
rina wengi udan panas tan nampik didhapuk
nadyan rupamu wus bluwuk ora bakal daksingidake menyang
ngebuk.
Condongcatur, 20 September 1997
23