Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
PASREN
akeh sawang ing pojok saka iki
bleduk kenthel mbungkus loro blonyo
warna burem ing slintru iku
dadi catetan bisu ing pasren iki
yo ing papan iki
mula bukane wiji-wiji kadeder
saknalika iku,
dewi sri mbundeli janji marang sadana
ngupakara nganti wiji iku dadi kembang
kang bakal ngrenggani taman-taman patembayan
dadi rumesepe kauripan kiyi
Kasongan, Agustus 1997
31