Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
Hesti Winahyu
KLASA GUMELAR
Klasa gumelar gilar-gilar
tansah dadi seksi
setya nampani madhahi
nanging ...
kabeh tanpa teges
mung mandheg ing ati kekes
GURIT TENGAH WENGI
Swara edi tengah wengi
krasa cumengkling ndhodhogi ati
tansah ngumendhang nggembo! pitakonan
sapa sejatine sliramu iki
34