Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
Khrisna Mihardja
MARANG KETIGA
- kanggo ringin cilik sajroning pot
ketiga
dakundhuhake mendhung aneng langit
kareben bisa nelesi gurung garing kagarang
mangsa,
enggala lumaku
aninggalake papan iki
kebak bebendhu setaning lemah bengkok
kerikil garing, langit biru
ketiga
dakundhuhake banyu segara
kareben bisa anambani tatu laramu
kang kok seret sadawaning lebu
ketiga
daktutupe srengenge nganggo cakra
banjur embaten kang patitis
enering paran laku
mangsa iki
44