Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
Mohammad Yamin
PISUNGSUNG
(kagem Bu Har)
Pinangka Palguna kang sinatriya wanodya
anyunggi sakathahing berkah, anugrah
nugrahaning Gusti
guna kathah seserepan, kawicaksaning
ngagesang
langkung wanodya pinilih
wus pungkas tugas
Ibu, kang jatining dwijatama
jangkah saklimah kalamun kawilang asih
wus ginelung ing lung-lungan luhung
keblat papat lima pancer dadya enep, ineping
kori
telenging tekad ngudi santosaning batos
Ibu, bontosing kaweruh madeg wiku mateg
manthering dzikir
ingkang katon pasemoning wanodyagung
pindha puspita
natepi sabdaning Rosul
48