Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
wanodya mustikaning jagad memaniking
kang sinawang
rinengga pepaesing bawana
ora liya wanodya kang rinenggeng atika
Ibu, pungkurira Pangeran mugya paring
santosaning dhiri
“Dhateng Ibu Suhardilah,
nggennya ngrengkuh hamengkoni asah
asih
sinartan tanggap lan tangguh.
kinanthen manah tabah,
myang sesanggeman bot-repot trus
tuwajuh,
kinarya karya lumampah
wilujeng Ibu Pinanggih.”
Agustus 1997
49