Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
PASREN
Wewengkonku endah resep
sinawang
Terengganan kupu lan kembang
dakencup kupu wana kuning
mabur keplantrang
ati iki dadi ririh ruruh raras.
langit jingga linungiding driya
ah, endi ta kembang siji sing
dakpepuji
aku wis suwe kayungyun taman
nalika lengen lumer gawe-geter
Jroning puri kembang mlathi
ngganda wangi
gogroging sing kang winates,
nimas
lan banjur dakpethikake
kembang
gagange daktancepake atimu
ngganda arum angambar wangi
Tak pethik-pethik kembang
melathi
tak sebar-sebar ngareping puri
50