Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
GURIT SURYA LAN MAYUTA LINTANG
Kartika byor ing ars Tangan Tengene
pandom pandaming urip
cecalaning jagad
pletiking kabeh kumerlip
Kang Misesa indhen-indhen jagad
surya sumbering panas ngalad-alad
cakrawala sinebaran lintang-lintang
najan surem tetep sumilak anelahi bawana
Surya kang kawisesa sasantining dumadi
kapan wae manungsa ora bakal mangerti
jugruging sayuta gunung
mbludaging segara pinelahing toya samodra
Mung gumantung Lintang-lintang lan Surya
sing karegem ana ing asta-Ne
kabeh lah padha bakal ngucap dhewe-dhewe
ngerti, yen sejatine,
iki sing dadi tetenger lan ayat-ayat
ginelar ing ngarep mripat.
Mertosutan, September 1997
52