Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
Noor Widodo L.L.
- KUTHA ING NDONYA TUWA
Gebyare lentera kutha raja
abyor pindha lintang tumiba
madhangi wisma dhuwur kabeh kaca
sinawang katon bawara
pindha jembare tirta samudra
kang wis malih abang ludira
Akeh kenya penganggone weh wudha
senadyan ayu nanging kaya buta
ngombe tuwak manganitamba
jarene ngilangi gela
Ana priya nganggo jas kalungan ula
yen pedhe jenenge naga
jarene bisa nguntal ndonya
embuh iku donyane sapa
sedulur utawa tangga
anggepe rasane pada
ora wegah anane wisa lan-dosa
Akeh pandhita wegah tapa
medhun arga,
pilih deleng gebyare daya
mlebu kutha ninggake dupa
awit manungsa matih dadi-durga lan-kala.
55