Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
Priyo Purwanto
BEJA
Beja bocah desa
angon maesa nalika mudha.
pakaryane saben dina .
nasak wana menyak lemah bera
Beja bocah gunung nang suing
adoh ratu cerak watu
mangan tela kacang jagung
kala-kala ora temtu
Beja saiki mulya mukti wibawa
Sapa ngira nasib awak lagi beja th
biyen nggiring maesa saiki ngereh manungsa
manungsa saara-ara amba bawera
Beja biyen lan saiki wis beda
biyen nunggang kebo saiki nitih oto
kadhang-kadhang ngambah dirgantara neanglang| bawana
blebar-bleber gela-gelo menga-mengo
56