Kaca:Rembuyung.pdf/57

Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung


Beja biyen lan saiki wis beda
biyen nandhang sungkawa tanpa sinandhing biyung lab bapa
saiki gumuyu mblegedhu kasinungan donya brana
tanpa tinandhingi ing sapadha-padha

“O, Beja sing lagi goreh
sampevan sing sumeh lomah-lameh plongah plengeh”

Lahir batinmu celathu
“Sapa sing ngreridhu gawe dahuru
dak luru dak buru
dadi satru turun pitu

57