Kaca:Rembuyung.pdf/58

Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


MAWAR


Cumondhok cumeblok aneng pojok
Pojok jero tembok abang
Abang anantang pandulu
Pandulu nakal kang kepingin nyaketi
Nyaketi anggamu kang rineksa
Rineksa dening tameng-tameng lungid

    Raga kukuh luruh sentosa
    Sentosa saka panggodhaning hawa
    Hawa kang nedya nggrayang salira
    Salira panggah datan suwala

“Yen nyata satriya, rengkuhen, majua
Majua aja tidha-tidha”

58