Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
Rochjati Sutirman
PAMIYARSA TAMU SAKA MANCA NEGARA
- kanggo: Ny. Barbara
Sapandurat atiku isin lan trenyuh
salagine tamu manca
wasis lan baud
nggegulang basa kita
Balik aku minangka pribumi ing kene
amung thonga-thonga kadya kebo
Nanging bab iki minangka
pamecuting pribadhi
kanggo nggegulang kang tumemen
64