Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
S.M. Haryanto
GULU BANYAK
Aku mung gulu banyak
Nyuwita mring priyagung
Pepaes porselin kang sarwa endah
Aku mung gulu banyak
Urip ndengangak
Ndhangak
Nyawang empyak kang sinangga cagak
Aku mung gulu banyak
Tangeh bisane urip kepenak
Aku mung gulu banyak
Mapan wisma ing sisih mburi
Saben dina mung dipameri
Barang larang kang pancen wedi
Weruh tan bisa ngincipi
Tan bisa sigrak tumindak
Mata weruh, raga dipidak
Aku mung gulu banyak
69