Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
Suci Hadi S.
LAMPU
Neon madhangi kamar iki
Bagaskara madhangi bawana
Gusti madhangi ati
SRENGENGEKU WIS GUMLEWANG
Tetesan katresnan liwat puser
ngalahake peteng ndhedhet kiwa tengen
jroning weteng
tangis cenger nggegerake wong saemper
ngantu tekaku tetepungan bayu
nalka bagaskara nrajang cakrawala
panuwunku tanpa upama
71